Minggu, 27 Maret 2016



BAB I
BÅSÅ KANG KANGGO ING KASUSASTRAN JÅWÅ

            Båså kang kanggo kasusastran Jåwå mêsthi waé iyå båså Jåwå; di tåtå kanthi ikêtan kang apik, runtut, nganti biså dadi båså kang éndah. Wis mêsthi waé pangangoné båså Jåwå iku kudu manut undhå-usuking båså.
            Mungguh undhå-usuking båså Jåwå iku ånå 8 tataran, yaiku:
                                                NGOKO
                                                                                                ANTYÅ-BÅSÅ
                                                NGOKO-ANDHAP
                                                                                                BÅSÅ-ANTYÅ
                                                                                                MÅDYÅ-NGOKO
                                                BÅSÅ MADYÅ                     MADYANTÅRÅ
UNDHÅ-                                                                                MÅDYÅ-KRÅMÅ
USUKING                                                                             KRÅMÅ-LUGU
BÅSÅ                                     BÅSÅ KRÅMÅ                     MUDHÅ-KRÅMÅ
JÅWÅ                                                                                     WRÊDÅ-KRÅMÅ
                                                KRÅMÅ-INGGIL
                                                KRÅMÅ-DÉSÅ
                                                BÅSÅ KASAR
                                                BÅSÅ KÊDHATON/BÅSÅ BAGONGAN
                                                                                               
1.    Ngoko utawa Jåwå dwipå, iku gunêmé bocah pådhå bocah, wong tuwå marang wong nom kang ora ngajèni, bêndårå marang abdiné. Têmbung-têmbungé ngoko kabèh, atêr-atêr lan panambangé uga ngoko.
Tuladhané:
(1)   Aku arêp mênyang pasar.
(2)   Kowé tungguå omah.
2.    Ngoko andhap ånå warnå loro, yaiku:
a.       Antyå-båså, iku pamoré têmbung ngoko karo kråmå inggil, ora ngramakaké atêr-atêr lan panambang; têmbung “kowé” dadi “ sliramu”. Antyå-båså iku gunémé wong tuwå marang wong nom sing luwih dhuwur pangkaté, utåwå priyayi pådhå priyayi sing wis rakêt bangêt sêsrawungané.
Tuladhané:
(1)   Sliramu åpå ora tindak mênyang kantor?
b.      Båså-antyå, iku pamoré têmbung ngoko, kråmå, lan kråmå inggil, ora ngramakaké atêr-atêr lan panambang, tembung “kowé” dadi “panjênêngan”. Båså-antyå iku gunêmané wong tuwå marang wong nom sing luwih dhuwur pangkaté.
Tuladhané:
(1)   Yèn panjênêngan wis kagungan wêkdal, mbok yå maringi sêrat.
(2)   Panjênêngan saiki makaryå ing ngêndi tå?
3.    Båså mådyå ånå warnå têlu, yaiku:
a.       Mådyå-ngoko, iku pamoré têmbung mådyå karo ngoko mêsthi waé atêr-atêr lan panambangé iyå ngoko, têmbung “aku” dadi “kulå”; têmbung “kowé” dadi “dikå”. Mådyå-ngoko iku gunêmané bakul pådhå bakul.
Tuladhané:
(1)   Dikå kok sajak kêsusu ngajak mulih kulå, ontên prêlu nåpå tå?
b.      Madyantårå mèh pådå karo mådyå-ngoko, bédané mung têmbung “kowé” dadi “mang; samang; utåwå sampéyan”. Madyantårå iku gunêmané priyayi cilik pådhå priyayi cilik, utåwå priyayi marang saduluré sing luwih êndhèk pangkaté.
Tuladhané:
(1)   Sampéyan rak êmpun duwé tumbak sing luwih apik, tå?
(2)   Samang badhé tindak pundi tå?
c.       Mådyå-kråmå, iku pamoré têmbung mådyå, kråmå, lan kråmå-inggil, nanging ora ngramakaké atêr-atêr lan panambang. Mådyå-kråmå iku gunêmané bocah priyayi marang sing lanang.
Tuladhané:
(1)   Pakné, wanci ngètên kok êmpun badhé tindak têng kantor, nåpå kathah padamêlan?
4.    Båså kråmå ånå warnå têlu, yaiku:
a.       Kråmå-lugu, têmbung-têmbungé kabèh kråmå, atêr-atêr lan panambangé ugå kråmå. Kråmå-lugu ugå diarani kramantårå iku gunêman wong lumrah pådhå wong lumrah, utåwå wong tuwå marang wong nom sing tanpå pangkat (dudu saduluré dhéwé).
Tuladhané:
(1)   Kålå wingi sampéyan rak sampun kulå cariyosi, bilih kulå botên sagêd dhatêng sadèrèngipun jam sadåså.
b.      Mudhå-kråmå, pamoré têmbung kråmå karo kråmå-inggil, ngramakaké atêr-atêr lan panambang. Têmbung “aku” dadi “kulå”; têmbung “kowé” dadi “panjênêngan”. Mudhå-kråmå iku kramané wong mudhå marang wong wrêdå, murid marang guru, priyayi pådhå priyayi.
Tuladhané:
(1)  
Cathêtan:
1.      Têmbung nikå, niki kagantos dados mênikå.
2.      Têmbung pripun kagantos dados kadospundi.
3.      Atêr-atêr “di-” kagantos dipun.
4.      Panambang “-é/-né” kagantos dados ipun/nipun.
5.      Panambang “é/ké” kagantos ké/akên.
6.      Têmbung ajêng ting kagantos dados badhé dhatêng.
 
Manawi panjênênganipun ibu marêngakên, kulå badhé ndhèrèk.






c.       Wrêdhå-kråmå iku awujud têmbung-têmbung kråmå, nanging atêr-atêr lan panambang ora dikramakaké. Têmbung “aku” dadi “kulå”, têmbung “kowé” dadi “sampéyan”. Wrêdhå-kråmå iku kramané wong wrêdhå marang wong mudhå.
Tuladhané:
(1)   Nak, kabaré sampéyan sampun dicariyosi déning Mas Lurah.
5.    Kråmå-inggil, wujudé kåyå mudhå-kråmå, bédané mung dumunung ing têmbung “kulå” dadi “adalêm, abdi-dalêm, kawulå, abdi-dalêm-kawulå”. Têmbung “panjênêngané” dadi “panjênêngan-dalêm”. Kråmå-inggil iku gunêmané kaum-kråmå marang kaum-ningrat, utåwå priyayi cilik marang priyayi luhur.
Tuladhané:
(1)   Sowan adalêm ing ngarså panjênêngan-dalêm, prêlu nyadhong dhawuh-dalêm. (dhawuh-dalêm = préntahmu)
6.    Kråmå-déså, iku basané wong-wong déså kang lumrahé padhå isih wutå-satrå. Têmbung-têmbung kang diênggo kråmå-déså, yaiku:
a.       Têmbung kråmå utåwå kråmå-inggil dikramakaké manèh, kåyåtå: nåmå-nami, sêpuh-sêpah, têbih-têbah, wåjå-waos lan sapanunggalané.
b.      Nganggo têmbung-têmbung kråmå-inggil tumrap awaké dhéwé, kåyåtå: astå kulå, kulå paringi lan sapanunggalané.
c.       Nganggo têmbung-têmbung Kawi, kåyåtå: yogå sampéyan, nêm santun, rêdana (saka tembung kawi “hardana” atêgês dhuwit).
d.      Mirid kahanan, kåyåtå: ambêtan-durèn, sambêran-pitik, pêthakan-mori, jujutan-kapas, singgêtan-pêté lan sapanunggalané.
e.       Wis nduwèni têgês dhêwê, kåyåtå: dhêkêman-dhêlé, watêsan-sêmångkå, bogå-jagung lan sapanunggalané. 
7.    Båså kasar, lumrahé kadadéan såkå pamoré têmbung ngoko karo têmbung kasar, iku basané wong sing lagi uring.
8.    Båså kadhaton (båså bagongan), iku gunêmé pårå sêntånå lan abdining ratu ånå ing sajroning cêpuri kadhaton lan ånå ing ngêrsané Sang Prabu utåwå Pangèran Adipati Anom. Wondéné yèn pårå sêntånå lan abdining ratu iku munjuk marang Sang Prabu utåwå marang Sang Pangèran Adipati Anom nganggo båså kråmå-inggil, dudu båså kadhaton. Båså kadhaton iku pamoré têmbung-têmbung kråmå karo têmbung-têmbung båså kadhaton. Atêr-atêr lan panambang, yèn sing gunêman iku sêntånå pådhå sêntånå, abdining ratu pådhå abdining ratu, utåwå sêntånå karo abdining ratu, ora dikramakaké; déné manåwå sêntånå utåwå abdining ratu iku gunêman karo pangèran-putrå, atêr-atêr lan panambang mawi dikramakaké.
Bédaning panganggoné têmbung sêsulih utåmå-puruså lan madyåmå-puruså båså kadhaton ing Suråkartå karo ing Ngayogyåkartå:
a.       Ing Ngayogyåkartå, têmbung sêsulih utåmå-puruså mung sawarnå, yaiku: manirå; sêsulih madyåmå-puruså ugå mung sawarnå, yaiku: pakênirå.
b.      Ing Suråkartå, têmbung sêsulih utåmå-puruså lan madyåmå-puruså ånå warnå papat, yaiku:
(1)   Tumrap pårå putrå-sêntånå: mårå (aku) lan pårå (kowé).
(2)   Tumrap putrå punggåwå: manirå (aku) lan pakênirå (kowé).
(3)   Tumrap pårå panèwu-mantri: kulå (aku) lan jêngandikå (kowé).
(4)   Tumrap pårå pujånggå: robåyå (aku) lan pantèn (kowé).
Têmbung-têmbung sing kalêbu båså kadhaton, yaiku:
ênggèh
:
iyå

dhawak
:
dhéwé
boyå
:
ora

mêksih
:
isih
sêtå
:
doyan

mêningå
:
wêruh
kudå
:
jaran

punapi
:
åpå
wêntên
:
ånå

puniku
:
iku
sêjos
:
séjé

curigå
:
kêris
nêdhå
:
ayo

dêrbé
:
duwé
puniki
:
iki

bêsaos
:
baé
têmbung
:
cêmêthi

pojaré
:
kandhané
sardulå
:
macan

wawi
:
sumånggå

Tulådhå ukårå nganggo båså kadhaton:
(1)     Kalawingi ing griyå jêngandikå punapi wêntên tamu?
(2)     Ênggèh, adhi kulå angkå gangsal saking Gunungsèwu.
(3)     Sajaké kok wêntên damêl ingkang wigatos.
(4)     Boyå, namung tuwi bêsaos, amargi rumaos kangên, sampun lami boyå kêpanggih.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar