Senin, 21 Maret 2016



WULANGAN 9
SENI PAGELARAN JAWA
 
Kompetensi Dasar
1.2    Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks eksposisi tentang seni pertunjukan Jawa.
1.3    Menunjukkan perilaku jujur,  disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui teks eksposisi tentang seni pertunjukan  Jawa.
1.4    Memahami isi teks eksposisi  tentang seni pertunjukan Jawa.
1.3    Menanggapi isi, menulis, dan menyajikan  teks sekposisi tentang seni pertunjukan Jawa.

A.      Teks Eksposisi
Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.
1.    Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:
·         Data faktual;
·         Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;
·         Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
2.    Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:
·         Kepriye sawijine pakaryan?
·         Kepriye sawijine dumadi?
·         Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?
·         Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
3.    Eksposisi kudu ngemut perangan-perangan kaya andharan iki.
·         Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
·         Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute;
·         Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
·         Nggoleki sumber ide saka: pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan.
4.    Pathokan panulise eksposisi.
·         Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
·         Isi eksposisi ora duwe karep ngundang redaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
·         Gaya eksposisi kudu infromatif lan nyakinake.
·         Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
·         Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).
·         Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.
·         Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake.
·         Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.
5.    Jinise wacana eksposisi:
·           Eksposisi definisi
·           Eksposisi proses
·           Eksposisi klasifikasi
·           Eksposisi ilustrasi (conto)
·           Eksposisi perbandingan lan pertentangan
·           Eksposisi laporan

B.       Seni Pagelaran Jawa
Pagelaran tradisional yaiku sakabehe wujud pagelaran Jawa, kang awujud teater rakyat, seni tari, seni karawitan, seni swara utawa tembang, seni pahat, lan seni lukis.



Jinise pagelan Jawa:
1.    Pagelaran klasik
Pagelaran kang wiwitane saka kraton kang nduweni fungsi minangka sarana hiburan lan nduweni makna religius
2.    Pagelaran kerakyatan
Pagelaran kang  wiwitane saka rakyat kang fungsine kanggo sarana hiburan
3.    Pagelaran modern
Sakabehane jinis pagelaran jaman saiki
Wujud pageran Jawa:
1.    Seni Swara
a.       Kidung
b.      Tembang Jawa (Tembang Gedhe, Tembang Tengahan, Tembang Cilik/Macapat, Tembang Dolanan)
c.       Panembrana
d.      Tembang Lancaran
e.       Tembang Ketawang
f.       Lagu Gendhing
g.      Lagu Langgam
2.    Seni Tari
a.       Tari Klasik (Gambyong, Ayun-ayun, Bedhaya, Srimpi)
b.      Tari Kerakyatan (Lengger, Ndolalak, Angguk, Jaran Kepang)
c.       Tari Modern (Tari Prawiraguna, Tari Merak)
3.    Seni Instrumental
a.       Lengkap (Gamelan)
b.      Sederhana (Gejuk Lesung, Angklung, Calung Banyumasan)
4.    Seni Gerak lan Tari (Sendratari)
a.       Sendratari Ramayana Prambanan
b.      Adhe-Andhe Lumut
c.       Dadung awuk
d.      Jathilan
e.       Begalan
5.    Seni Gerak, Tari lan Teater (Terater Tradisional)
a.       Ludrug
b.      Ketoprak
c.       Reog
d.      Wayang Wong
e.       Wayang Kulit
f.       Wayang Golek
g.      Srandul
6.    Seni Pahat
a.       Ukir Jepara
7.    Seni Lukis
a.       Batik Tulis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar