Senin, 21 Maret 2016



WULANGAN 8
PARIWARA
 
Kompetensi Dasar
1.2    Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks dengaran iklan berbahasa Jawa.
1.3   Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui teks dengaran iklan berbahasa Jawa.
1.3    Menelaah teks iklan berbahasa Jawa.
1.3    Menulis teks iklan berbahasa Jawa.

A.      Tegese Pariwara/Iklan
Pariwara utawa iklan iku memper pengumungan utawa wara-wara kang isine nawakake barang-barang utawa jasa, ana uga kang ngajak nindakake sawijining bab kang prayoga (pariwara layanan masarakat). Pariwara sing apik iku manawa bisa oleh kawigaten utawa respons saka masarakat kang dadi calon konsumen saka apa kang ditawarke. Dadi pariwara kang minangka salah sawijining stategi pemasaran iku paling ora kudu mamerake kaluwihan produk supaya konsumen weruh menawa mbutuhake barang utawa jasa mau. Nanging kudu dieling-eling menawa gawe pariwara iku kudu wani tanggung jawab marang apa wae kang dikandhakake, dadi ora mung pinter ngomong golek bathi saakeh-akehe nanging kang tuku banjur rumangsa kapusan amarga kang wis kebacut dituku ora kaya dikandhakake liwat pariwara.
Pariwara bisa kapacak ana kalawarti lan ariwarti, kagiyarake lumantar radhio, utawa katayangake ana TV. Pariwara kang kapacak ana kalawarti lan ariwarti, umume nggunakake design kang dumadi daka tetembungan lan gambar. Pariwara kang kagiyarake lumantar radhio biasane nggunakake master kang dumadi saka swara lagu utawa instrumentalia. Dene pariwara kang katayangake ana TV, bisa nggunakake kabeh sarana pariwara. Kayata tetembungan, gambar, swara tetembungan, swara lagu, swara instrumentalia, dalah acting.
Basa pariwara iku cekak aos, cetha, lan kewaca, supaya gampang disurasa. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanggo masarakat utawa bebrayan agung kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawarake. Pariwara kang efektif kudu gampang dimangereni dening kang maca. Ing ngisor iki kasebutake tandha pariwara kang efektif:
a.    lugas basane,
b.    gampang dimagerteni, lan
c.    nyenengake/nar ik kawigaten.
Kanthi mangkono, masarakat kanthi gamblang bisa ngerti produk kang ditawarake jroning iklan, guna, lan khasiat kang ana ing produke.

B.       Pariwara Radhio
Iklan ing radhio duwe cakrik (karakteristik) kayata:
·      Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemut pesen kang ndadekakake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.
·      Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarane.
Pariwara radhio iku lumrah mung diwartakake satleraman. Mula saka iku panulise teks pariwara becike:
·      Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kang dituju iku pangrungone dudu panyawange.
·      Nulis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu fokus marang pamiyarsane ora menyang liyane.
·      Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake rasa kekraban komunikasi personal. Carane:
Ø  nyingkiri nulis kanthi sesorah;
Ø  swara tulisan kudu mujudake swasana informal;
Ø  naskah kudu nyipta swasana akrab;
Ø  naskah kudu komunikatif. Satema, saukara, cekak, lan aos;
Ø  nulis kanthi ancas langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane;
Ø  tembunge ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung kang meh padha pangucape.
Pariwara radhio iku nggunakake: sawara manungsa, musik, jingle, efek swara.


C.      Pariwara TV
Cakrik pariwara TV yaiku :
·      Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. Mula ora mung ing bab tulisan/naskah nanging tampilan kang narik kawigaten iku kang disenengi
·      Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio.

 

1 komentar:

  1. The Perfect Casino: Top Offers & Bonuses at
    The Best Casino Offers. Casino Bonuses & Promotions. With an emphasis on casino goyangfc games, septcasino.com the jancasino.com gambling 출장안마 industry is expected to explode septcasino

    BalasHapus