Minggu, 27 Maret 2016



BAB II
PARÅMÅSATRÅ JÅWÅ

A.  JINISÉ TÊMBUNG JÅWÅ
Têmbung miturut jinisé ånå 10 warnå, yaiku:
1.        Têmbung aran (substantifa, kata benda)
Kang diarani têmbung aran yaiku jênênging sakèhing barang åpå waé kang dianggêp barang.
Têmbung aran kabédakaké dadi rong golongan gêdhé :
a.       Têmbung aran kang mawujud (biså kanyatakaké dèning pancadriyå/pancaindra)
Tuladhané : gunung, wong, omah, sapi, lan sapanunggalané.
b.      Têmbung aran kang ora mawujud (ora biså kanyatakaké dèning pancadriyå/pancaindra)
Tuladhané : kasugihan, kaswargan, kalanggêngan, kapintêran, kabudayan, kasusilan, lan sapanunggalané.

2.        Têmbung kriyå (verba, kata kerja)
Kang diarani têmbung kriya iku, sakabèhing têmbung kang mratélakaké solah båwå, utåwå tandang gawé (verba tintakan).
Tuladhané: Adus, urå-urå, ngarang, lungå, lungguh, mbalang, nêndhang, njiwit, mlaku, mlayu, lan sapanunggalané.
Têmbung kriyå ugå biså ngêmu têgês lumakuning kahanan (verba proses).
Tuladhané: Mêcah, mblêdos, thukul, kêmpès, njêbluk, linggih, mangan, nangis, sêmbahyang, lan sapanunggalané.

3.        Têmbung kahanan (ajektif, kata sifat)
Kang diarani têmbung kahanan (watak) iku sakèhing têmbung kang mratélakaké kêpriyé kahanané (wataké) barang.
Têmbung kahanan dibédakaké dadi loro yaiku:
a.       Têmbung kahanan iku ora biså owah
Tuladhané: Drêngki, srèi, jail, mêthithi, bombongan, ugungan, lan sapanunggalané.
b.      Têmbung kahanan iku biså owah
Tuladhané: Mlarat, sugih, sêngsårå, mulyå, bêjå, cilåkå, lan sapanunggalané.

4.        Têmbung katrangan/panêrang waséså (adverbia, kata keterangan)
Kang diarani têmbung katrangan iku, têmbung kang mènèhi katrangan marang waséså, utawa têmbung liyané kabåjå têmbung aran.
Tuladhané: Durung, sidå, mêsthi, anggoné, arêp, bangêt, lan sapanunggalané.

5.        Têmbung sêsulih (pronomina, kata ganti)
Têmbung sêsulih iku, têmbung kang kanggo nyulihi barang, kang wis dingêrtèni, amrih ora bola-bali nyêbut jênênging barang mau lan ugå kanggo nuduhaké dununging barang.
Tuladhané: Aku, kowé, dhèwèké, ingsun, samang, ku, mu, lan sapanunggalané.

6.        Têmbung wilangan (numeralia, kata bilangan)
Kang diarani têmbung wilangan iku, têmbung-têmbung kang mratélakaké cacahing barang utåwå têmbung-têmbung kang mratélakaké pêpangkatan.
Tuladhané: Têlu, sakodhi, kapisan, sajodho, akèh, sajinah, patang pråliman, lan sapanunggalané.

7.        Têmbung ancêr-ancêr (preposisi, kata depan)
Kang diarani têmbung ancêr-ancêr iku, têmbung-têmbung panggandhèngé rong têmbung. Têmbung ancêr-ancêr kang gunané kanggo ngancêr-ancêri papan utåwå ngancêr-ancêri têmbung aran.
Tuladhané: Ing, marang, mênyang, såkå, saking, dhatêng, lan sapanunggalané.

8.        Têmbung panggandhèng (konjungsi, kata sambung)
Kang diarani têmbung panggandhèng iku, têmbung-têmbung kang pakartiné ngikêt rong têmbung lan péranganing ukårå murih tambah dåwå.
Tuladhané: Sênadyan, sêbab, karånå, manåwå, karo, sawisé, lan sapanunggalané. 

9.        Têmbung panyilah (artikel, kata sandang)
Kang diarani têmbung panyilah iku, têmbung kang mratélakaké têmbung aran kang wus cêthå anané. Padhatan têmbung iki sinambung karo têmbung aran.
Tuladhané: Si Suta, Sang Prabu, Sri Sultan, pårå tamu, lan sapanunggalané.

10.    Têmbung sabåwå (interjeksi, kata seru)
Têmbung sabåwå ugå diarani têmbung panguwuh. Diarani têmbung panguwuh iku margå minångkå lairé råså-rumangsaning manungså, karånå råså sênêng; susah; gêlå; wêlas; jèngkèl, lan sapanunggalané.
Tuladhané: Lo, la, aduh, tobat, wah, o, dhuh, lha, horé, lan sapanunggalané.

B.  WUJUDÉ TÊMBUNG
Têmbung-têmbung ing båså Jåwå miturut wujudé utåwå dhapuré dipérang dadi loro, yaiku:
1.    Têmbung linggå (kata dasar)
Têmbung linggå yaiku têmbung sing isih asli durung owah såkå asalé.
Kayåtå : pangan, sapu, tulis, omah, pagêr, guyu, pacul, lan sapanunggalané.
2.    Têmbung andhahan (kata berimbuhan)
Têmbung andhahan yaiku têmbung kang wis owah såkå linggané. Têmbung andhahan kapilah dadi têlung golongan, yaiku :
a.      Têmbung andhahan (kata berimbuhan)
Têmbung andhahan yaiku têmbung kang wis owah såkå linggané kanthi olèh imbuhan utåwå wuwuhan awujud atêr-atêr, sêsêlan, lan panambang.
Wuwuhan ing têmbung andhahn wujudé ånå têlu yaiku:
1)      Atêr-atêr (awalan/prefiks)
Yaiku imbuhan utåwå wuwuhan kang ånå ing sangarêping têmbung, déné wujudé :
a)      Atêr-atêr hanuswårå yaiku ny-, m-, ng-, n-
Tuladhané :        ny- + sapu        = nyapu
                         m- + pangan     = mangan
                         ng- + godhong  = nggodhog
                         ny- + tulis         = nulis
b)      Atêr-atêr tripuruså yaiku dak- ko-, di-
Tuladhané :
dak- + pangan        = dak pangan
>> atêr-atêr dak- iku ugå diarani utåmå puruså (wong kapisan)
ko- + jupuk            = kojupuk
>> atêr-atêr ko- ugå diarani madyåmå puruså (wong kapindho)
di- + silih                = disilih
>> atêr-atêr di- iku ugå diarani pratåmå puruså (wong katêlu)
c)      Atêr-atêr liyané yaiku sa-, pa, pi-, pra-, tar, ka, lan sapanunggalané
Tuladhané :        sa-       + pikul = sapikul
                         pa-       + êmong           = pamong
                         pi-        + wulang          = piwulang
                         pra-      + tåndhå           = pratåndhå

2)      Sêsêlan (sisipan/infiks)
Yaiku imbuhan kang mapané ånå ing satêngahing têmbung mapané ånå ing saburiné purwaning têmbung (buri ngarêp dhéwé).
Déné wujudé ånå 4 yaiku : -um-, -in-, -êr-, -êl-
Tuladhané :              guyu     + -um- = gumuyu
                               tulis      + -in-   = tinulis
                               kêlip     + -êr-   = krêlip

3)      Panambang (akhiran/sufiks)
Yaiku wuwuhan yang mapané ånå ing saburiné têmbung.
Wujudé : -ku, -mu, -aké, -å, -i, -ên, -an, -ånå, -nå, lan sapanunggalané.
Tuladhané : kamplêng          + -ånå  = kamplêngånå
                               kamplêng          + -nå    = kamplêngnå
Cacahing atêr-atêr, sêsêlan lan panambang ing båså Jåwå kurang luwih cacahé ånå têlung puluh. Wondéné atêr-atêr, sêsêlan lan panambang kasêbut kaandharaké kåyå ing tabel ngisor iki.
Atêr-atêr (awalan/prefiks)
Sêsêlan (sisipan/infiks)
Panambang (akhiran/sufiks)
Konfiks
N-
-um-
-i
ka-/-an
di-
-in-
-aké
-in-/-an
ko-
-êl-
kê-/-an
dak-
-êr-
-ên
kê-/-ên
ma-
tandhané :
-nå
paN-/-an
mêr-

-ånå
pa-/-an
ka-

-an
pi-/-an
kê-

pra-/-an
a-


tak-/-ané
aN-


tak-/-ké
sa-


tak-/-é
paN-


kami-/-ên
pa-


sa-/-é
pi-



pra-



kumå-



kapi-



                       
b.      Têmbung rangkêp (kata ulang)
Têmbung rangkêp yaiku têmbung kang diucapaké ambal pindho.
Têmbung rangkêp wujudé ånå 5, yaiku:
1)      Dwi Linggå
Yaiku têmbung kang diucapaké ambal pindho swarané pådhå.
Tuladhané :              mlayu               dadi                  mlayu-mlayu
                               awan                dadi                  awan-awan
                               bocah               dadi                  bocah-bocah
                               udan                 dadi                  udan-udan
                               lopak                dadi                  lopak-lopak
2)      Dwi Linggå Salin Swårå
Yaiku têmbung kang diucapaké ambal pindho nanging swarané owah.
Tuladhané :              bali                   dadi                  bola-bali
                               mlaku               dadi                  mloka-mlaku
                               takon                dadi                  tokan-takon
                               nangis               dadi                  nongas-nangis
3)      Dwi Purwå
Yaiku têmbung kang dirangkêp wandå wiwitan.
Tuladhané :              sumbar             dadi                  sêsumbar
                               layu                  dadi                  lêlayu
                               tuku                  dadi                  têtuku
                               mangan dadi                  mêmangan

4)      Dwi Wasånå
Yaiku têmbung kang dirangkêp wandå pungkasan.
Tuladhané :              cêkik                dadi                  cêkikik
                               cêngès              dadi                  cêngèngès
cêkak               dadi                  cêkakak
njêdhog            dadi                  njêdhodhog
5)      Dwi Linggå Sêmu
Yaiku têmbung kang wujudé dwi linggå nanging dudu, jalaran yèn dipisah ora klêbu têmbung linggå/ora ånå linggané.
Tuladhané :              unyêng-unyêng              èpèk-èpèk
                               ulå-ulå                                      andhêng-andhêng
                               ari-ari                                       ugêl-ugêl

c.       Têmbung camboran (kata majemuk)
Têmbung camboran yaiku têmbung loro utåwå luwih, kang digandhèng dadi siji déné têmbungé ånå kang wutuh ånå kang diwancah utåwå dicêkak.
Tuladhané kang wutuh                 : sisib sêmbir, båyå pakéwuh, sånå budåyå, råjå lélé, pati båså, atmå rêdjå, tuwå nom, gêdhé cilik, kandhang jaran, pandhu putrå.
Tuladhané kang cêkakan            :dhêgus             >> gêdhé lan bagus
 wédang                       >> såkå wé lan êndang  
 dubang                        >> idu lan abang
 ndhakwå                     >> cêndhak lan dåwå
 kusumastuti                  >> kusumå lan astuti
têkèng                          >> têkå lan ing

C.  UKÅRÅ
Ukårå yaiku rêroncèning têmbung kang dadi wêdharing gagasaning manungså. sampurnaning gagasan tinêngêran titi ukårå kang awujud cêcêg (kanthi tåndhå {.}), pitakon (kanthi tåndhå {?}), panyêru (kanthi tåndhå {!}).
1)   Ukårå Miturut Kalungguhaning Têmbung (Gatrané)
a.       Jêjêr – waséså
Tuladhané: Adhik nangis.
                         J        W

b.      Jêjêr – waséså – lésan
Tuladhané : Aku mangan tahu.
                        J         W         L

c.       Jêjêr – waséså – lésan – katrangan
Tuladhané : Ibu maos koran ing ruang tamu.
                       J       W       L               K   

KATRANGAN :
JÊJÊR yaiku péranganing ukårå kang baku lan kudu ånå. Biså awujud pakaryan, kéwan, manungså lan liyané manèh lan lumrahé awujud têmbung aran utåwå têmbung kang digawé aran kayåtå têmbung kasugihan lan liyané manèh.

WASÉSÅ yaiku péranganing ukårå kang nêrangaké kahanané jêjêr. Biså awujud têmbung aran, têmbung kriyå, têmbung kahanan.

LÉSAN yaiku péranganing ukårå kang nêrangaké waséså, ngganêpi tumindaking waséså, biså awujud têmbung aran, têmbung kahanan.

KATRANGAN yaiku péranganing ukårå kang nêrangaké isining ukårå. Mungguh katrangan mono wujudé warnå-warnå kåyåtå:        
a)      Katrangan wêktu : saiki, taun ngarêp, jam têlu, wingi, lan sapanunggalané.
b)      Katrangan panggonan : ing kéné, ing latar, ing kuthå, lan sapanunggalané.
c)      Katrangan cacah : akèh, sithik, kabèh, lan sapanunggalané.
d)      Katrangan wilangan : siji, têlu, sèwu, satus, sêprapat, sakodi, lan sapanunggalané.
e)      Katrangan piranti/sarånå : nganggo péso, nganggo rinso, lan sapanunggalané.
f)        Katrangan sêbab : sêbab lårå, jalaran udan dêrês, lan sapanunggalané.
g)      Katrangan tujuan : supåyå pintêr, karêbèn rêsik, lan sapanunggalané.

2)   Ukårå Miturut Wêdharing Gagasan
a.      Ukårå Andhahan (kalimat berita/cerita)
Ukårå andhahan yaiku wêdharing gagasan manungså tumuju marang wong liyå supåyå wong liyå ngêrti åpå sing dikarêpaké.
Titikané yèn tinulis kawiwitan aksårå murdå (huruf besar) kapungkasan nganggo cêcêg (titik).
Tuladhané : Sabên dinå Sênèn sêkolahku nganakaké upacara.
b.      Ukårå Pitakon (kalimat tanya)
Ukårå pitakon yaiku wêdharing gagasan manungså, kang kêpingin mangêrti marang sawijining bab kang durung dimangêrtèni.
Titikané yèn tinulis måwå têmbung pitakon : åpå, såpå, ngêndi, kapan, lan nganggo tåndhå pakon (?).
Tuladhané : Såpå sing rawuh mréné mau?
c.       Ukårå Pakon (kalimat perintah)
Ukårå pakon yaiku wêdharing gagasaning manungså kang tumuju marang wong liyå supåyå wong liyå mau gêlêm nindakaké pagawéan.
Titikané ånå têmbungé kang måwå panambang (akhiran) : -å, -ånå, -aké, -ên, déné yèn tinulis måwå tåndhå pênthung (tanda seru !).
Tuladhané : Mangkatå saiki waé, mumpung durung udan!
d.      Ukårå Pangajak (kalimat ajakan)
Ukårå pangajak yaiku wêdharing gagasan manungså kang tumuju marang wong liyå, supåyå wong liyå mau gêlêm diajak.
Titikané måwå têmbung pangajak : ayo, månggå, sumånggå, kapungkasan måwå tåndhå cêcêg (.).
Tuladhané : Ayo mèlu aku mêngko taktukokaké bakso.
e.      Ukårå Pamênging (kalimat larangan)
Ukårå pamênging yaiku wêdharing gagasaning manungså tumuju marang wong liyå, supåyå wong liyå mau ora nindakaké pagawéan.
Titikané måwå têmbung pamênggak/pamênging : åjå, ora kênå, ora parêng.
Tuladhané : Åjå liwat kono dalané angèl.


f.        Ukårå Sambåwå (kalimat pengandai)
Ukårå sambåwå yaiku wêdharing gagasing manungså kang mêngku têgês upåmå, pangarêp-arêp/mugå-mugå, mokal, sanadyan.
Titikané : ånå têmbungé sing karakêtan panambang -å.
Tuladhané :       Cilikå kaé nanging roså. (sanadyan cilik)
                        Duwéå dhuwit kowé takjajakké. (upåmå duwé dhuwit)

3)   Ukårå Miturut Tumindaké Jêjêr
a.      Ukårå Tanduk (kalimat aktif)
Ukårå tanduk yaiku ukårå kang jêjêré nindakaké pagawéan, wasésané awujud têmbung kriyå, utåwå måwå atêr-atêr hanuswårå (ny-, m-, ng-, n-)
Ukårå tanduk wujudé ånå loro :
-         Ukårå tanduk tanpå lésan (kalimat aktif intransitif)
Tuladhané : Nardi turu.
                               Adhiku nangis.
-         Ukårå tanduk måwå lésan (kalimat aktif transitif)
Tuladhané :              Aku mangan saté.
                               Ibu nyukil klåpå.
b.      Ukårå Tanggap (kalimat pasif)
Ukårå tanggap yaiku ukårå kang jêjêré kataman pagawéan, wasésané kataman atêr-atêr tripuruså (dak-, ko-, di).
Tuladhané :        Saté dakpangan.
                         Klåpå dicukil ibu.
Dhuwité kokjupuk?

4)   Ukårå Miturut Dhapukané
a.      Ukårå Låmbå (kalimat tunggal)
Yaiku ukårå kang gagasané mung siji déné dhapukané :
Ø Jêjêr – Waséså
Tuladhané : Adhiku sinau.
                           J          W


Ø Jêjêr – Waséså – Lésan
Tuladhané : Budi tuku buku.
                        J        W      S

Ø Jêjêr – Waséså – Katrangan
Tuladhané : Rusmini sinau ing ruang têngah.
                           J            W              KP

Ø Jêjêr – Waséså – Lésan – Katrangan
Tuladhané : Suhardi nandur gêdhang ing kébon.
                           J           W           L           KP

b.      Ukårå Camboran/Rangkêp (kalimat majemuk)
Ukårå camboran yaiku ukårå kang gagasané luwih såkå siji, mulå pérangané jêjêr, waséså, lésan, utåwå katrangané luwih såkå siji.
Lumrahé måwå têmbung panggandhèng : lan, sartå, déné, éwadéné, amargå, sêbab, jalaran, lan sapanunggalané. Utåwå têmbung panggandhèng mau diganti tåndhå koma (,).
Tuladhané :
(1)   Bapak mirsani TV yèn ibu maos majalah.
    J           W       L           J        W       L

(2)   Aku tuku buku, adhiku tuku garisan déné Budi tuku potêlot.
   J      W      L          J         W      L                   J       W      L

c.       Ukårå Cambran/Rangkêp Tundhå (kalimat majemuk bertingkat)
Yaiku ukårå kang sapèrangan minångkå gåtrå jêjêr, gåtrå waséså, gåtrå lésan utåwå gåtrå katrangan.
Tuladhané :
(1)   Gåtrå jêjêr
Sing nêrak wêwaléring nêgårå diukum.
  J       W                    L                  W     .
                       J                               W                                               

(2)   Gåtrå waséså
Prajurit Mataram sing isih urip bali ing Mataram.
             J                            W        L           KP          .
             J                                       W  

(3)   Gåtrå lésan
Sultan Agung ora pirså têlik sandi têkå dhêdhêmitan.
          J                   W               J                    W              .  
          J                   W                          L   

(4)   Gåtrå katrangan
Nalikå têlik sandi têkå, Sultan Agung ora pirså.
   KW         J           W             J                W      .
                 KW                        J                W