BAB II
PARÅMÅSATRÅ
JÅWÅ
A.
JINISÉ
TÊMBUNG JÅWÅ
Têmbung miturut jinisé ånå 10 warnå,
yaiku:
1.
Têmbung
aran (substantifa, kata benda)
Kang diarani têmbung
aran yaiku jênênging sakèhing barang åpå waé kang dianggêp barang.
Têmbung aran kabédakaké
dadi rong golongan gêdhé :
a. Têmbung
aran kang mawujud (biså kanyatakaké dèning pancadriyå/pancaindra)
Tuladhané
: gunung, wong, omah, sapi, lan sapanunggalané.
b. Têmbung
aran kang ora mawujud (ora biså kanyatakaké dèning pancadriyå/pancaindra)
Tuladhané
: kasugihan, kaswargan, kalanggêngan, kapintêran, kabudayan, kasusilan, lan
sapanunggalané.
2.
Têmbung
kriyå (verba, kata kerja)
Kang diarani têmbung
kriya iku, sakabèhing têmbung kang mratélakaké solah båwå, utåwå tandang gawé (verba tintakan).
Tuladhané:
Adus, urå-urå, ngarang, lungå, lungguh, mbalang, nêndhang, njiwit, mlaku,
mlayu, lan sapanunggalané.
Têmbung kriyå ugå biså
ngêmu têgês lumakuning kahanan (verba
proses).
Tuladhané:
Mêcah, mblêdos, thukul, kêmpès, njêbluk, linggih, mangan, nangis, sêmbahyang, lan
sapanunggalané.
3.
Têmbung
kahanan (ajektif, kata sifat)
Kang diarani têmbung
kahanan (watak) iku sakèhing têmbung kang mratélakaké kêpriyé kahanané (wataké)
barang.
Têmbung kahanan
dibédakaké dadi loro yaiku:
a. Têmbung
kahanan iku ora biså owah
Tuladhané:
Drêngki, srèi, jail, mêthithi, bombongan, ugungan, lan sapanunggalané.
b. Têmbung
kahanan iku biså owah
Tuladhané: Mlarat,
sugih, sêngsårå, mulyå, bêjå, cilåkå, lan sapanunggalané.
4.
Têmbung
katrangan/panêrang waséså (adverbia, kata
keterangan)
Kang diarani têmbung
katrangan iku, têmbung kang mènèhi katrangan marang waséså, utawa têmbung
liyané kabåjå têmbung aran.
Tuladhané:
Durung, sidå, mêsthi, anggoné, arêp, bangêt, lan sapanunggalané.
5.
Têmbung
sêsulih (pronomina, kata ganti)
Têmbung sêsulih iku, têmbung
kang kanggo nyulihi barang, kang wis dingêrtèni, amrih ora bola-bali nyêbut
jênênging barang mau lan ugå kanggo nuduhaké dununging barang.
Tuladhané:
Aku, kowé, dhèwèké, ingsun, samang, ku, mu, lan sapanunggalané.
6.
Têmbung
wilangan (numeralia, kata bilangan)
Kang diarani têmbung
wilangan iku, têmbung-têmbung kang mratélakaké cacahing barang utåwå
têmbung-têmbung kang mratélakaké pêpangkatan.
Tuladhané:
Têlu, sakodhi, kapisan, sajodho, akèh, sajinah, patang pråliman, lan
sapanunggalané.
7.
Têmbung
ancêr-ancêr (preposisi, kata depan)
Kang diarani têmbung ancêr-ancêr
iku, têmbung-têmbung panggandhèngé rong têmbung. Têmbung ancêr-ancêr kang
gunané kanggo ngancêr-ancêri papan utåwå ngancêr-ancêri têmbung aran.
Tuladhané:
Ing, marang, mênyang, såkå, saking, dhatêng, lan sapanunggalané.
8.
Têmbung
panggandhèng (konjungsi, kata sambung)
Kang diarani têmbung panggandhèng
iku, têmbung-têmbung kang pakartiné ngikêt rong têmbung lan péranganing ukårå
murih tambah dåwå.
Tuladhané:
Sênadyan, sêbab, karånå, manåwå, karo, sawisé, lan sapanunggalané.
9.
Têmbung
panyilah (artikel, kata sandang)
Kang diarani têmbung
panyilah iku, têmbung kang mratélakaké têmbung aran kang wus cêthå anané.
Padhatan têmbung iki sinambung karo têmbung aran.
Tuladhané:
Si Suta, Sang Prabu, Sri Sultan, pårå tamu, lan
sapanunggalané.
10.
Têmbung
sabåwå (interjeksi, kata seru)
Têmbung
sabåwå ugå diarani têmbung panguwuh. Diarani têmbung panguwuh iku margå
minångkå lairé råså-rumangsaning manungså, karånå råså sênêng; susah; gêlå;
wêlas; jèngkèl, lan sapanunggalané.
Tuladhané: Lo, la, aduh, tobat, wah, o,
dhuh, lha, horé, lan sapanunggalané.
B.
WUJUDÉ
TÊMBUNG
Têmbung-têmbung
ing båså Jåwå miturut wujudé utåwå dhapuré dipérang dadi loro, yaiku:
1.
Têmbung
linggå (kata dasar)
Têmbung linggå yaiku têmbung
sing isih asli durung owah såkå asalé.
Kayåtå : pangan, sapu,
tulis, omah, pagêr, guyu, pacul, lan sapanunggalané.
2.
Têmbung
andhahan (kata berimbuhan)
Têmbung andhahan yaiku
têmbung kang wis owah såkå linggané. Têmbung andhahan kapilah dadi têlung
golongan, yaiku :
a.
Têmbung
andhahan (kata berimbuhan)
Têmbung andhahan yaiku
têmbung kang wis owah såkå linggané kanthi olèh imbuhan utåwå wuwuhan awujud atêr-atêr, sêsêlan, lan panambang.
Wuwuhan ing têmbung
andhahn wujudé ånå têlu yaiku:
1)
Atêr-atêr
(awalan/prefiks)
Yaiku imbuhan utåwå wuwuhan kang ånå ing
sangarêping têmbung, déné wujudé :
a) Atêr-atêr
hanuswårå yaiku ny-, m-, ng-, n-
Tuladhané : ny- + sapu = nyapu
m- + pangan =
mangan
ng- + godhong = nggodhog
ny- + tulis =
nulis
b) Atêr-atêr
tripuruså yaiku dak- ko-, di-
Tuladhané :
dak- + pangan = dak pangan
>> atêr-atêr dak- iku ugå diarani
utåmå puruså (wong kapisan)
ko- + jupuk = kojupuk
>>
atêr-atêr ko- ugå diarani madyåmå puruså (wong kapindho)
di- + silih = disilih
>> atêr-atêr di-
iku ugå diarani pratåmå puruså (wong katêlu)
c) Atêr-atêr
liyané yaiku sa-, pa, pi-, pra-, tar, ka, lan sapanunggalané
Tuladhané : sa- +
pikul = sapikul
pa- +
êmong = pamong
pi- +
wulang = piwulang
pra- +
tåndhå = pratåndhå
2)
Sêsêlan
(sisipan/infiks)
Yaiku imbuhan kang mapané ånå ing satêngahing
têmbung mapané ånå ing saburiné purwaning têmbung (buri ngarêp dhéwé).
Déné wujudé ånå 4 yaiku
: -um-, -in-, -êr-, -êl-
Tuladhané : guyu + -um- = gumuyu
tulis +
-in- = tinulis
kêlip +
-êr- = krêlip
3)
Panambang
(akhiran/sufiks)
Yaiku wuwuhan yang
mapané ånå ing saburiné têmbung.
Wujudé : -ku, -mu,
-aké, -å, -i, -ên, -an, -ånå, -nå, lan sapanunggalané.
Tuladhané : kamplêng +
-ånå = kamplêngånå
kamplêng + -nå = kamplêngnå
Cacahing atêr-atêr, sêsêlan lan
panambang ing båså Jåwå kurang luwih cacahé ånå têlung puluh. Wondéné atêr-atêr,
sêsêlan lan panambang kasêbut kaandharaké kåyå ing tabel ngisor iki.
Atêr-atêr
(awalan/prefiks)
|
Sêsêlan
(sisipan/infiks)
|
Panambang
(akhiran/sufiks)
|
Konfiks
|
N-
|
-um-
|
-i
|
ka-/-an
|
di-
|
-in-
|
-aké
|
-in-/-an
|
ko-
|
-êl-
|
-å
|
kê-/-an
|
dak-
|
-êr-
|
-ên
|
kê-/-ên
|
ma-
|
tandhané :
|
-nå
|
paN-/-an
|
mêr-
|
|
-ånå
|
pa-/-an
|
ka-
|
|
-an
|
pi-/-an
|
kê-
|
|
-é
|
pra-/-an
|
a-
|
|
|
tak-/-ané
|
aN-
|
|
|
tak-/-ké
|
sa-
|
|
|
tak-/-é
|
paN-
|
|
|
kami-/-ên
|
pa-
|
|
|
sa-/-é
|
pi-
|
|
|
|
pra-
|
|
|
|
kumå-
|
|
|
|
kapi-
|
|
|
|
b.
Têmbung
rangkêp (kata ulang)
Têmbung rangkêp yaiku
têmbung kang diucapaké ambal pindho.
Têmbung rangkêp wujudé
ånå 5, yaiku:
1)
Dwi
Linggå
Yaiku têmbung kang
diucapaké ambal pindho swarané pådhå.
Tuladhané : mlayu dadi mlayu-mlayu
awan dadi
awan-awan
bocah dadi bocah-bocah
udan dadi udan-udan
lopak dadi
lopak-lopak
2)
Dwi
Linggå Salin Swårå
Yaiku têmbung kang diucapaké
ambal pindho nanging swarané owah.
Tuladhané : bali dadi bola-bali
mlaku dadi mloka-mlaku
takon dadi tokan-takon
nangis dadi nongas-nangis
3)
Dwi
Purwå
Yaiku têmbung kang
dirangkêp wandå wiwitan.
Tuladhané : sumbar dadi sêsumbar
layu dadi lêlayu
tuku dadi
têtuku
mangan dadi mêmangan
4)
Dwi
Wasånå
Yaiku têmbung kang
dirangkêp wandå pungkasan.
Tuladhané : cêkik dadi cêkikik
cêngès dadi cêngèngès
cêkak dadi cêkakak
njêdhog dadi njêdhodhog
5)
Dwi
Linggå Sêmu
Yaiku têmbung kang
wujudé dwi linggå nanging dudu, jalaran yèn dipisah ora klêbu têmbung
linggå/ora ånå linggané.
Tuladhané : unyêng-unyêng èpèk-èpèk
ulå-ulå andhêng-andhêng
ari-ari ugêl-ugêl
c.
Têmbung
camboran (kata majemuk)
Têmbung camboran yaiku
têmbung loro utåwå luwih, kang digandhèng dadi siji déné têmbungé ånå kang
wutuh ånå kang diwancah utåwå dicêkak.
Tuladhané kang wutuh : sisib sêmbir, båyå pakéwuh,
sånå budåyå, råjå lélé, pati båså, atmå rêdjå, tuwå nom, gêdhé cilik, kandhang
jaran, pandhu putrå.
Tuladhané kang cêkakan :dhêgus >> gêdhé lan
bagus
wédang >> såkå wé lan êndang
dubang >> idu lan abang
ndhakwå >> cêndhak lan dåwå
kusumastuti >> kusumå lan astuti
têkèng >> têkå lan ing
C.
UKÅRÅ
Ukårå yaiku
rêroncèning têmbung kang dadi wêdharing gagasaning manungså. sampurnaning
gagasan tinêngêran titi ukårå kang awujud cêcêg (kanthi tåndhå {.}), pitakon
(kanthi tåndhå {?}), panyêru (kanthi tåndhå {!}).
1)
Ukårå
Miturut Kalungguhaning Têmbung (Gatrané)
a. Jêjêr
– waséså
Tuladhané: Adhik
nangis.
J
W
b. Jêjêr
– waséså – lésan
Tuladhané : Aku mangan
tahu.
J W L
c. Jêjêr
– waséså – lésan – katrangan
Tuladhané : Ibu maos
koran ing ruang tamu.
J W
L K
KATRANGAN :
JÊJÊR
yaiku péranganing ukårå kang baku lan
kudu ånå. Biså awujud pakaryan, kéwan, manungså lan liyané manèh lan lumrahé
awujud têmbung aran utåwå têmbung kang digawé aran kayåtå têmbung kasugihan lan
liyané manèh.
WASÉSÅ
yaiku péranganing ukårå kang nêrangaké kahanané jêjêr.
Biså awujud têmbung aran, têmbung kriyå, têmbung kahanan.
LÉSAN
yaiku péranganing ukårå kang nêrangaké waséså,
ngganêpi tumindaking waséså, biså awujud têmbung aran, têmbung kahanan.
KATRANGAN yaiku
péranganing ukårå kang nêrangaké isining ukårå. Mungguh katrangan mono wujudé
warnå-warnå kåyåtå:
a) Katrangan
wêktu : saiki, taun ngarêp, jam têlu, wingi, lan sapanunggalané.
b) Katrangan
panggonan : ing kéné, ing latar, ing kuthå, lan sapanunggalané.
c) Katrangan
cacah : akèh, sithik, kabèh, lan sapanunggalané.
d) Katrangan
wilangan : siji, têlu, sèwu, satus, sêprapat, sakodi, lan sapanunggalané.
e) Katrangan
piranti/sarånå : nganggo péso, nganggo rinso, lan sapanunggalané.
f)
Katrangan sêbab : sêbab
lårå, jalaran udan dêrês, lan sapanunggalané.
g) Katrangan
tujuan : supåyå pintêr, karêbèn rêsik, lan sapanunggalané.
2)
Ukårå
Miturut Wêdharing Gagasan
a.
Ukårå
Andhahan (kalimat berita/cerita)
Ukårå
andhahan yaiku wêdharing gagasan manungså tumuju marang wong liyå supåyå wong
liyå ngêrti åpå sing dikarêpaké.
Titikané
yèn tinulis kawiwitan aksårå murdå (huruf
besar) kapungkasan nganggo cêcêg
(titik).
Tuladhané
: Sabên dinå Sênèn sêkolahku nganakaké upacara.
b.
Ukårå
Pitakon (kalimat tanya)
Ukårå
pitakon yaiku wêdharing gagasan manungså, kang kêpingin mangêrti marang sawijining
bab kang durung dimangêrtèni.
Titikané
yèn tinulis måwå têmbung pitakon : åpå, såpå, ngêndi, kapan, lan nganggo tåndhå
pakon (?).
Tuladhané
: Såpå sing rawuh mréné mau?
c.
Ukårå
Pakon (kalimat perintah)
Ukårå
pakon yaiku wêdharing gagasaning manungså kang tumuju marang wong liyå supåyå
wong liyå mau gêlêm nindakaké pagawéan.
Titikané
ånå têmbungé kang måwå panambang (akhiran)
: -å, -ånå, -aké, -ên, déné yèn tinulis måwå tåndhå pênthung (tanda seru !).
Tuladhané
: Mangkatå saiki waé, mumpung durung udan!
d.
Ukårå
Pangajak (kalimat ajakan)
Ukårå
pangajak yaiku wêdharing gagasan manungså kang tumuju marang wong liyå, supåyå
wong liyå mau gêlêm diajak.
Titikané
måwå têmbung pangajak : ayo, månggå, sumånggå, kapungkasan måwå tåndhå cêcêg
(.).
Tuladhané
: Ayo mèlu aku mêngko taktukokaké bakso.
e.
Ukårå
Pamênging (kalimat larangan)
Ukårå
pamênging yaiku wêdharing gagasaning manungså tumuju marang wong liyå, supåyå
wong liyå mau ora nindakaké pagawéan.
Titikané
måwå têmbung pamênggak/pamênging : åjå, ora kênå, ora parêng.
Tuladhané
: Åjå liwat kono dalané angèl.
f.
Ukårå
Sambåwå (kalimat pengandai)
Ukårå
sambåwå yaiku wêdharing gagasing manungså kang mêngku têgês upåmå, pangarêp-arêp/mugå-mugå,
mokal, sanadyan.
Titikané
: ånå têmbungé sing karakêtan panambang -å.
Tuladhané
: Cilikå kaé nanging roså. (sanadyan
cilik)
Duwéå dhuwit kowé
takjajakké. (upåmå duwé dhuwit)
3)
Ukårå
Miturut Tumindaké Jêjêr
a.
Ukårå
Tanduk (kalimat aktif)
Ukårå tanduk yaiku ukårå
kang jêjêré nindakaké pagawéan, wasésané awujud têmbung kriyå, utåwå måwå atêr-atêr
hanuswårå (ny-, m-, ng-, n-)
Ukårå tanduk wujudé ånå
loro :
-
Ukårå tanduk tanpå lésan
(kalimat aktif intransitif)
Tuladhané : Nardi turu.
Adhiku nangis.
-
Ukårå tanduk måwå lésan
(kalimat aktif transitif)
Tuladhané : Aku mangan saté.
Ibu nyukil klåpå.
b.
Ukårå
Tanggap (kalimat pasif)
Ukårå tanggap yaiku ukårå
kang jêjêré kataman pagawéan, wasésané kataman atêr-atêr tripuruså (dak-, ko-,
di).
Tuladhané : Saté dakpangan.
Klåpå dicukil ibu.
Dhuwité
kokjupuk?
4)
Ukårå
Miturut Dhapukané
a.
Ukårå
Låmbå (kalimat tunggal)
Yaiku ukårå kang
gagasané mung siji déné dhapukané :
Ø Jêjêr
– Waséså
Tuladhané : Adhiku
sinau.
J W
Ø Jêjêr
– Waséså – Lésan
Tuladhané : Budi
tuku buku.
J W
S
Ø Jêjêr
– Waséså – Katrangan
Tuladhané : Rusmini
sinau ing ruang têngah.
J W KP
Ø Jêjêr
– Waséså – Lésan – Katrangan
Tuladhané : Suhardi
nandur gêdhang ing kébon.
J W L
KP
b.
Ukårå
Camboran/Rangkêp (kalimat majemuk)
Ukårå camboran yaiku ukårå
kang gagasané luwih såkå siji, mulå pérangané jêjêr, waséså, lésan, utåwå
katrangané luwih såkå siji.
Lumrahé måwå têmbung
panggandhèng : lan, sartå, déné, éwadéné, amargå, sêbab, jalaran, lan
sapanunggalané. Utåwå têmbung panggandhèng mau diganti tåndhå koma (,).
Tuladhané :
(1) Bapak
mirsani TV yèn ibu maos majalah.
J
W L J W
L
(2) Aku
tuku buku, adhiku tuku garisan déné Budi
tuku potêlot.
J
W L J W
L J W
L
c.
Ukårå
Cambran/Rangkêp Tundhå (kalimat majemuk
bertingkat)
Yaiku
ukårå kang sapèrangan minångkå gåtrå jêjêr, gåtrå waséså, gåtrå lésan utåwå
gåtrå katrangan.
Tuladhané
:
(1) Gåtrå
jêjêr
Sing
nêrak wêwaléring nêgårå diukum.
J
W L W .
J W
(2) Gåtrå
waséså
Prajurit Mataram
sing isih urip bali ing Mataram.
J W L KP .
J W
(3) Gåtrå
lésan
Sultan Agung
ora pirså têlik sandi têkå dhêdhêmitan.
J W
J
W .
J W L
(4) Gåtrå
katrangan
Nalikå
têlik sandi têkå, Sultan Agung ora pirså.
KW
J W J W
.
KW
J W